Jumat, 07 Februari 2014

Drama Bahasa Jawa



PENCULIK NGGAK NGGENAH
            Dino Minggu isuk katene awan kira-kira jam 10, Hamdan pamit kate dolan nang emake.
H: Mak...emak...
T:Lapo toh le??
H:Kulo arep dolan mak..
T:Yo, dulino.ojok adoh-adoh.
H:Gampang-gampang tapi(nadong)
T:Oalah-oalah, dolen wae atek nggowok duwek(bengok-bengok nyelok simbok). Mbok jupukno dompetku ndek meja makan.
S:Enggeh ndoro sekedap.(mblayu nggowokno dompet)
T:Njauk piro le?
H:sak kersa mak(tari ngitung duwek gawe Hamdan, simbok melu-melu nadong)
T:oalah dalah mbok...mbok(dikei titik)
S:pancene juragan medhit (ndek njero ati)
T:lapo’o katene, masalah gawe koen( ndek njero ati)
*****
            Hamdan mlaku ambek ngitungi duwek, tapi  serbete okky sing dadi penculike nggowo serbet ambek obat bius, obat biuse di uji coba disek,okky semaput terus tangi banjur dikei ambu-ambu teko cangkemme alias ABAB. Hamdan terus di bekep, semaput lan di batek melbu mobil. Tapi, mbok siti ndontok kedaden iku mau lan nyoba nguber.Mbok siti banjr muleh mergo gak isok nguber penculikke, mblayu ambek bengok-bengok nyeluk juragane.
T:ono opo mbok??ono opo??(mbok siti di surung terus semaput)
Kring-kring telpone muni, tapi gak sadar sing diangkat malah ulek-ulek
T:halo..haloo..duh sepurane suarae nggak jelas (tapi telpone jek muni) loh walah keliru ... halooo
O:iki ibue hamdan?
T:enggeh leres sinten?
O:anakmu tak culik(rodo gagap)
T:(ngguyu) ora usah guyon,penculik kok gagap(ngguyu maneh)
O:aku iki temenan penculik, anakmu saiki tak delekno
T:ooooh.................
O:jek gak pecoyo koen!!!!!(mbukak tutupan lambene Hamdan)
H:emak....emak!!!tulungono aku!! Aku digondol wong elek!!cepetan mak, aku engkok ketularan elek(ambeknangis)
O:leh..enake nek ngomong!!!(ambek nggepuki hamdan, hamdan nyeluk-nyeluk emake)
T:iyo..iyo..aku percoyo,tulung balekno anakku
O:yo ngunu seh,percoyo!!saiki nek pengen anakmu mbalek, koen kudu mbayar aku 1 miliyar gawe njupuk anakmu.
T:opo!!1 miliyar???1 juta yo??
O:(mergo ngelamun dijawab) iyo..iyo(terus sadar)enake 1 juta, lah percuma aku nyolek anakmu nek mbok kei sakmunu. Kirimono aku sak miliyar nang umah kosong GG.suko 9d. Ojok telpon polisi. Tak enteni sampe jam 3 ore, nek gak anakmu bakal tak pateni!! Titik(telpon di pateni)
T:(kaget)ha... ha... ha...
S:(sadar)ojok semaput ndoro..
T:ha..chi..ku gak katene semaput, aku mek waheng tok.
S:oalah yo wes tak semaput maneng(tari linglung)(simbok katene semaput tapi tangi maneng) oh enggeh ndoro!!a..a...ham..dan diculik. Kulo mpun nyoba ngejar penculike.. tapi wonge wes numpak mobil adoh..dalannane ugo sepi
T:iyo mbok, aku wis eroh,tapi wonge njuk 1miliyar
S:o..opo??1 miliyar, pasti wonge wis craji!!
T:craji??opo iku mbok??
s:craji iku wongngene iku loh ndoro(tangane disret-sret nak batuk)
T:oalah, iku guduk craji tapi crazy
S:alah, gak penting iku. Sakniki telpono polisi wae ndoro gawe nyekel wonge!!1miliyar iku akeh loh
T:mmm..yo opo yo?? Yo wes tak telpon polisi.(telpon polisi) Halo betul niki kantor polisi??putra kulo diculik. Kulo ibu tari.. manggon ing dalan 9d no4..inggih matur suwon
*****
            15 menit kepungkur ngenteni pak polisi akhire teko pisan.(tinut,pak polisi mencet bel)mbok siti mbalyu arep mbukak lawang,mbok siti kaget ana wong lanang ngadek lan ketok ngganteng, sampe-sampe mripate silau, tapi barang polisine malik awake, raine wis tuwo lan elek..mbok siti batal tresno
T:(mblayu marani)sopo mbok??oalah pak polisi mpun ndugi, ayo mangga langsung budhal mawon. Omahe jogoen mbok.
S:enggeh ndoro..
(ibu tari wis nang ngarep umah kosong ambek polisi)
Y:ibu melbu wae, engken kulo sawang saka mriki, dadi mpun usah wedi.
T:enggeh..
O:koen ta ibuke hamdan??
T:yo
O:koen nggowo duweke
T:yo tapi balekno anakku disek
O:enakke duweke disek yo)
T:iki loh(ngekekno tas kresek)
O:iki opo isine duwek ta krekel
T:yo duwek lah
O:koen iku gak gelem modal, gawe koper po’o moso’ nggawe kresek
T; wadahe gak penting sing penting isine, endi anakku
O: niat banget wong iki nek ngekei duwek(ing njero ati)
T:yo iyo wong sogeh(ing njero ati)
O:ikiloh anakmu(ambek nyorong hamdan)
H:emak...(ambek salim)
T: ya Allah hamdan,emak kuatir, koen iku di kandani gakoleh dolen adoh –adoh kok ngeyel, seh tak bukake kresekmu,loh kok elek??iki guduk anakku
H:kulo anakmu mak??
O:ikuloh anakmu wae ngakoni,kowe kok gak?
T: keleng anakku seh, tapi kok  tambah welek?pekken wes.
O:malesa
Y: kowe wong loro angkat tangan!!(okky gak gelem angkat tangan) hei kowe sing nyolek angkat tangano!!lapo gak gelem angkat tangan??
O:kelekku teles pak , isin ambek arek-arek
Y:gak isok, angkat tangan!! Guaya atek isin-isin barang, biasane ngisin-ngisine wae
H:kulo pisan tumut angkat tangan pak polisi??
Y:gak, kowe rinio. Kowe wong loro dicekel
T:aku kok pisan??
Y: yo, soale kowe gak gelam ngakoni anakmu dewe.  Iku podo wae wis ngelanggar HAM. Iku onok ndek undang-undang dasar pasal..mmm lali aku.. pokoke kowe wes ngelanggar HAM!
            Akhire bu tari lan penculike di tangkap polisi, saiki hamdan di ramut ambek mbok siti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar